Rabu, 02 Desember 2009

ANDAI ANDRE MANUT

BABAK I

Setting : Rumah Klenthing

Rumah klenthing kelihatan sepi tak beberapa lama tampak para klenthing mulai keluar dari rumah mereka .

(para klenthing keluar sambil menyanyi : Ting, klenthang, klenthing, dhuuut! Ting, klenthang, klenthing, dhot! Ting, klenthang, klenthing, dhuuut! Ting, klenthang, klenthing, dhot! ‘berurutan dari yang paling depan sampai yang belakang, eeh inget ya pas duut geol pinggulnya duwong!!! He… he … he…)

Klenthing abang

“eh wis mandeg nang kene bae! Selek gatel kye rambutku. Wis nang kene bae leh petan lah (karo kukur-kukur)”

Klenthing biru

“ ho ha lah yu, yu (batire nyauri kang-kang) kawit mau kon slekdur slekduran ujarku arep ngendi ko malahan cempuleke njaluk petan. Kepriwe sih rika ?”

Klenthing ijo

“ iya mbekayune maning sih kepriben jane ? wong anu enyong lagi enak-enak sleeping beauty malakane di kon petan! Sungguh terlalu!

Klenthig gadung

“ Sing sungguh terlalu tuli kowe jo! Wong mangan sripinge tuti koh ora bagi bagi! Kita ini kan sodara kembar beda kandungan koh tega tegane mangan ora bagi-bagi, dongen tuli seliping berdua !”

Klenthing ijo

“ Cuih ! ya najis tralala ya seriping berdua, eh sliping berdua hiii nggilani banget sih? Masa karo ko hiii?”

Klenthing gadung

“ Kepriwe, kowe miki ngomong nggilani!! Aku tersinggung ngerti? Emange aku apa sih! Kon madang bareng be ra gelem wis ra ngaku dulur apa?

Klenthing biru

“ Oalah yu, yu (maning ya: kang-kang) Wis wis, kaya kuwe be heboh.”

Kenthing abang

(kukur-kukur rambute sing awut awutan )” iya! Wong pada kaya kuwe be ribut ge ndasku tambah gatel tulih!”

Klenthing ijo

“ la wong kae si gadung njaluk sliping bareng ya ogah ya ! nggilani temen “

Klenthing gadung

“ Alah kaya ora biasane sebaki nggo wong papat, anu sepiring go wong loro ora gelem “

Klenthing biru

“ ho ha lah yu, yu (123 kang-kang), kaya kuwe be heboh! Kiye ana sing lewih heboh maning ! Siki tuli lagi ana lowongan dadi mantune nini randha ?”

Klenthing abang

“What?” (tuma sing nembe arep di gugut mencolot) “dadi mantune mbok randa?”

Klenthing biru

“Iya! Karo si Andre ”

Klenthing abang

“Ouh sweetyku cintaku sayangku biolaku, I am coming baby!”

Klenthing gadung

“ bang, abang, eling lagi ngapa si nyeluki ayam karo babi, he bang !”

Klenthing ijo

“ Alah rika maning sih apit mau budong bae. I am coming baby koh ayam karo babi. Kuwe basa inggris ngerti, sekolahe kepriwe sih?”

Klenthing abang

“iya masa ngarani enyong bang! Emange eyong tukang becak apa?”

Kelnthing biru

“Iya kepriwe sih, basa inggris be ra ngerti apa maning basa jawa ! padahal sing arep mbojo karo Andre jare kudu bisa bahasa inggris lho!”

Klenthing ijo

“Wah, untung aku wis kursus bahasa planet, mesti aku sing kepilih !”

Klenthing abang

“ Ora mungkin ya ! Mesti aku sing kepilih! Wong aku sing paling gantheng !”

Klenthing biru

“ Ho ha lah, yu, yu (321 kang-kang), mokal temen, mokal temen koh. Karo Andre ora mungkin bisa. Kiye enyong sing paling kiyut !”

Klenthing gadung

“ iya pancen kowe kulite wis pada pating kiyut kaya nini-nini!”

Klenthing ijo

“Guwe mbok salah pengrungon maning! Kiyut kuwe basa inggris, cute, cute!”

Klenthing gadung

“ Oooooo”

Klenthing ijo

“ Ya wis selek kawanen mbok pating plening ngerti ! Engko repot njaluk melu ! Wis yuh pada dandan!”

Para klenthing

“ Ya ayuh “

Setelah itu para klenthing pun keluar panggung diiringi dengan lagu (hyo harus mau lho!) Ting, klenthang, klenthing, dhuuut! Ting, klenthang, klenthing, dhot! Ting, klenthang,klenthing, dhuuut! Ting, klenthang, klenthing, dhot!


BABAK II

Setting : Kali cilik nang mburi umah mbok randha (gaya temen, arani bae paceran)

Setelah dandan para klenthing pun pergi ke rumah mbok randha. Namun sayang di tengah jalan mereka terjebak di tepi paceran seluas 10 cm x 250 dm x 450 hm x 0.000 + 1/2 m – 200 mm + 400 mm= ada yang tahu? Dengan luas dan panjang yang sama.

Kenthing abang

“Hop-hop-hop”

Klenthing gadung

“Ana apa sih”

Kenthing abang

“Lah kuwe mbok ana blumbang!”

Klenthing ijo

“Aduh yu, kepriwe kiye? Masa kejebak paceran sih ?”

Klenthing abang

“Iya yah? Masa kaya kiye, padahal aku kan wis dandan ayu , masa kon ngrobok paceran sih?

Klenthing gadung

“Lah njijihi banget sih? Tapi wong angger meng ngumahe mbok randa tung mburi ya kaya kiye lah ! Wis siki kaya kiye bae !”

Para klenthing

“Kepriwe yu ?”

Klenthing gadung

“Anu pada ngetor pring disit, ngko kena go gawe powotan!”

Para klenthing

“what!”

Klenthing ijo

“Tor toran? Who we doing it? bisa bisa mengko pingsan disit “

Klengthing biru

“Ho ha lah yu, yu “(esih aspal mbok : kang-kang ). “Sing bener bae? Masa kita kita kon ngetor pring ngko ya kemringet maning.”

Klenthing gadung

“Lah kepriwe sih? Apa arep ngrobok bae? “

Klenthing abang

“lah rika bodo temen ? Wong paceran anu ora amba kaya kiye ko! Dilumpati tuli bisa! Gye tek praktekna.” (Trus Mlumpat )

Klenthing ijo

“Ih iya yah. Kepenak Enyong njajal lah!” ( Trus Mlumpat )

Klenthing biru

“Ho ha lah yu yu, (4 sampai 100 kang-kang) Jebulane gampang dilumpati ya. Asyik temen yu ? Dolanan disit yuh!” (trus lumpat-lumpatan bola bali !)

K. ijo +abang

“ Iya asyik ko “(melu lompat-lompatan)

Kenthing gadung

“ngonoh ngko tuli pada kan(pada tiba kejegur paceran kecuali gadung)teb.

Klenthing

“Aduh kepriye kiye kotor kabeh “

Klenting Gadung

Ala ya ngonoh! Mbok wis tek omongi! Rasakna ! Ngonoh aku tak sidakna tor-roran “ (karo lunga )

Klenthing ijo

“Kepriwe kiye yu (karo kepreh kepreh)”

Klenthing abang

“La kepriwe maning ?”

Klenthing biru

“Aduh yu, yu (kang-kang). Wis lah siki pada golet sumur go wisuh bae!”

Klenthing ijo+abang

“iya-iya, yuh “ (terus pada lunga)

Ting, klenthang, klenthing! Ting, klenthang, klenthing! Ting, klenthang, klenthing! Ting, klenthang, klenthing! (Anu ora ana klenthing gadung sih)



Babak III

Setting : Esih nang pacerane mbok randha

Tak berapa lama setelah para klenthing pergi klenthing gadung datang membawa bamboo

Klenthing gadung

(karo ngelap kringet) “ aduh adoh adoh kepengin mbojo palah dadi tor-toran, dasar nasib! Apes, apes! Wis siki aku gari nyebrang lah !” Bang, Jo, Bir, aku enteni ….” (Dhuut ! Dhot! Dhuuut! Dhot! Dhuuut! Dhot)



Babak IV

Setting : Kali eh pacerane mbok randha

Setelah para klenthing pergi datanglah pating plening yang mencari kakak-kakaknya sampai ke tempat itu, tapi tempat itu sudah sepi.

Pating plening

“aduhh (usap-usap bathuk), deneng adoh temen sih? Mbekayu klenthiiing!! Aku tuli pengin melu (karo mubeng mubeng) Aduh!! Kepriwe sih ? padahal mau jare angger aku wis rampung ngumbahi aku olih melu! Siki malah pada meng ndi kiye aku ora di sengi ! lah sebeeeeel! Yuuu (celuk-celuk), yu klenthing ? Lha kiye mbo menggone andre. Eh iya jare andre arep golet pacaar apa ya ? aku tek dolan nganah si! (terus mlaku menggon paceran ) “ lho kiye dengen ana powotane? Mesti anu wis siap nyambut aku! Aduh jadi malu! Andre Andre!”


BABAK V

Setting : Rumah Mbok Randa

Adegan I

Setelah menempuh berbagai jalan akhirnya sampailah para klenthing di rumah mbok randa. Rumah itu kelihatan sepi. Cuma beberapa ekor ayam dan bebek yang berkeliaran di halaman.

Ting, klenthang, klenthing! Ting, klenthang, klenthing! Ting, klenthang, klenthing! Ting, klenthang, klenthing! (Anu ora ana klenthing gadung absen)


Klenthing abang

“ Piye yu? Kayongen deneng sepi? Apa lagi pada meng endi ya ?”

Klenthing ijo

“ Iya yah ! sepi banget! Sih lagi pada meng endi?”

Klenthing biru

“ Kaya kuwe thok be bingung ! Wis di dodog bae lawange, engko dadi genah ana wong apa ora!”


Adegan II

Kemudian mereka menuju pintu untuk mengetuknya, tapi belum juga sampai datanglah klenthing gadung yang marah-marah karena ditinggal oleh mereka.

(Dhuut ! Dhot! Dhuuut! Dhot! Dhuuut! Dhot)


Klenthing gadung

“ Bocah pada kurang ajar! Aku kon dat dot dat dot dewekan! Ana wong tua kedengkrekan nggawani pring palah ditinggal lunga! Pada kurang ajar kowe yah!!!”

Klenthing ijo

“ Kepriwe sih rika, teka teka malah kemrungsung kaya kuwe ora nggenah.Ana apa jane ?”

Klenthing biru

“Ho ha lah yu, yu (siap2 ! ya ! kang-kang) wong koh apit cilik kaya kuwe! Ngisin-ngisina! Eling yu ! kiye nangnggone bok randa ! sing sopan setitik ngapa?”

Klenthing gadung

“Sopan, sapon! Kowe kuwe sing pada kurang ajar masa wong tua kedangkrakan nggawani pring, bukane di bantu malah ditinggal! Kurang ajar kabeh!”


Adegan III

“Geleret” pintu rumah dibuka. Mbok randa yang terbatuk batu memandangi mereka. Para klenthingpun jadi salah tingkah.

Mbok Randha

“Uhuk, uhuk, uhuk! Ana apa kiye ? Deneng pada ribut temen sih ? “

Klenthing abang

“Eh mbok randha ! Niki mbok anu Klenthing gadung seg ngamuk !”

Klenthing gadung

“Ora mbok! Kye anu aku ditinggal nang Abang karo ijo!”

Klenthing ijo

“Karo nang biru ding mbok !”

Klenthing biru

“Oalah yu,yu (123 kang-kang ) sentiment temen rika ! ora sah di tidokna si ngapa ?!”

Mbok randa

Wis ra sah pada kemrungsung! Ribut bae! Ana apa jane ? Ora ngerti apa anakku agi keyungyun!”

Klenthing abang

“Punten, mbok! Anu ana apa sih mbok?”

Mbok randa

“ Tela iya koh? Anakku wis pirang dina kiye ora adus koh! Anu keyungyun kepengin mbojo koh! Ujarku kon sekolah disit sing pinter! Malah njaluk bojo! Aduh katro banget sih, kaya wong gunung bae enom-enom wis jaluk bojo!”

Klenthing biru

“Ya ora papa koh mbok ! Aku be gelem ko dadi pacare Andre!”

Klenthing ijo

“Iya mbok, aku be gelem ko! Tapi sing kae ora usah ya mbok! Kae anu galak ( karo nunjuk Klenthing Gadung ).

Klenthing gadung

“Ngomong apa kowe ! Ngarani enyong galak! Awas angger ora ngarani eyong galak ! tak uwel uwel lah ?”

Klenthing biru

“oalah yu, yu (kang-kang) wis nang kene be esih padu ! Isin tuli karo mbok randha!”

Mbok randa

Wis wis ra ush ribut! Mbok menawane si andre gelem, ngko jajal tek celuk ! Ndre, andre, kiye ana cewek ayu ndre ! Gelis engko seleke lunga lah! Ndre, andre ! Cepet manjat meng panggung!”

Andre

“Ya, mbok ! Ngko disit!”


Adegan IV

Mbok randha

“Ndre, andre ! Cepet manjat meng panggung! Seleke pada lunga bubar!”

Andre

“Ya mbok ! Ana apa sih ?” (munggah panggung)

Mbok randha

“Kiye lo ana cewek sing arep nglamar ko ! Kari milih!”

Andre

“Ya seleksi disit mbok ! Aku pengin bojoku duwe kelewihan koh! Aja sing biasa-biasa bae!”

Mbok randha

“Ya wis karepmu !”

Setelah itu diadakanlah seleksi calon mantu oleh mbok randha semua klenthing menunjukan kebolehan masing masing.

Mbok randha

“Nah siki gilirane klenthing biru ! Apa kelewihanmu!”

Klenthing biru

“ Aku bisa nyanyi mbok!”

Mbok randha

“ ya wis dijajal !”

Klenthing biru

(nyanyi lagune doraemon)

Mbok randha

“Nah siki gilirane klenthing abang ! Apa kelewihane jajal!”

Klenthing abang

“Aku bisa nari mbok!”

Mbok randha

“ya wis dijajal !”

Klenthing abang :

(nari lengger kethek)

Mbok randha

“kuwe sih tarian apa!”

Klenthing abang

“lengger kethek mbok!”

Mbok randha

“Nah siki gilirane klenthing ijo ! kowe bisa apa jo!”

Klenthing ijo

“ Aku bisa macul mbok!”

Mbok randha

“ ora susah di jajal !”

Klenthing ijo

“ deneng mbok ? ngang apa

Mbok randha

“ Engko lemahku mlekuduk kabeh kepriwe!”

Klenthing ijo

“ o ya wis mbok. Aku be ra nggawa pacul!”

Mbok randha

“Nah sing terakhir Klenthing gadung!”

Klenthing gadung

“ Aku duwe kelewihan mbok!”

Mbok randha : “ bisa ngapa kowe!”

Klenthing gadung : “ ora bisa mbok!”

Mbok randha : “ Lah ora bisa ngapa-ngapa kok duwe kelewihan !”

Klenthing gadung : “ iya iya mbok, jajal di deleng sing bener ya raiku! ”

Mbok randha : “ ora nana apa-apa koh !”

Klenthing gadung : “ lah mboke ra weruh lambeku apa? Mbok lewih 10 centi! ”

Mbok randha : (manyun) “oooooooooooooooooo……”

Mbok randha : “Wis ndree kepriwee?”

Andree : “Anu mak Tek omongi disit ngeneh!” (karo ngered tangane mbok randha)

Mbok randha : “Ana apa sih ?

Andre : “Anu mbok kae bocahe kabeh duwe kelewihan ! Tapi mboke ngrasakna ora?”

Mbok randha : “Ngrasakna apa ? “

Andre : “Bocahe pada mambu penguk kaya anu urung adus ko!”

Mbok randha : “Ih deneng iya ya ! dengen aku nembe sadar yah?!!”

Andre : “Genah iya koh mbok! Apa maning sing telu kae kayong mambu paceran koh! “

Mbok randha : “ Kayane iya koh! Mulane kowe sekolah sing rampung disit! Aja kesusu mbojo!’

Andre : “Tapi mbok?! Aku kan wis rong minggu kiye ngimpi nek aku kepengin olih bojo turunan putri ya kudu siki !”

Mbok randha : “Alah kadar ngimpi be dipercaya ! Kuwe musyrik cah! “

Andre : “Tapi mbok! Kiye ngimpine pas banget wektu puspa tajem. Jare kaki Daplun wingi angger ngimpine pas puspa tajem anu pertanda! Pokoke kudu siki mbok!”

Mbok randha : “Bocah ngeyel. Ya wis karepmu kepriwe?”

Andre : “Siki sing kiye ditolak bae mbok !”

Mbok randa : “sing ndi ?”

Andre : “Kabehan, Mbok! Siki kabehan di tolak bae, sebab miturut ngimpiku, mengko sedela maning ana wong sing nganggo cadar meng ngeneh! Kuwe sing bakal dadi jodoku!”

Mbok randa : “Ya wis karepmu.”

Mbok randha pun akhirnya memberitahukan hal itu kepada para klenthing !

Mbok randha : “Aduh para klenthing kiye andre wis duwe keputusan, jare ko kabeh ditolak ora bisa dadi jodone andre. Wis ra usah pada kecewa ya ! kowe kabeh esih enom. Siki pada diterusna bae le sekolah mbok jare sapa ngemben kowe pada dadi wong sugih kowedadi wong mulya bisa olih sing lewih apik seka andre! “

Klenthing abang : “Ya ra papa mbok , wong urung dadi jodo kepriwe maning “

Klenthing ijo : “Ya mbok ya punten ya mbok?”

Klentnging biru : “Oh iya yu-yu (kang-kang) aku kelalen aku wingi ana tugas bahasa inggris seka pak surya, kae lo guru TIK kene?

Klenthing gadung : “Alah tugas Bahasa Inggris dengen sing aweh guru TIK ora salah koe?”

Klenthing biru : ”Ya karep-karep ya! Masalahe angger saing aweh bu Yanti angel angel dadi! Angger pak Uya kan kepenak Gantheng maning!”

Klenthing abang : “Wis aja brisik. Wingi mbok dewek diwei tugas basa jawa nang pak guru ! Eling basa jawa mbok lewih angel seka Basa Inggris. Ngko angger ora bisa kon belajar Basa Jawa nang Suriname lah, ndais !”

Klenthing ijo : “Oh iya yah! Masa belajar basa jawa nang Belanda aduh amit-amit, kaya udu wong jawa bae! ya wis yuh pamit-pamit !”

Para Klenthing : “Ya wis mbok, pamit bali! Klilaan!” (terus pada metu )

Ting, klenthang, klenthing, dhuuut! Ting, klenthang, klenthing, dhot! Ting, klenthang,klenthing, dhuuut! Ting, klenthang, klenthing, dhot! (kemutan mbok)

Adegan V

Tak beberapa lama setelah para klenthing pulang datanglah pating plening ke rumah Andre. Andre yang melihat wanita yang mengenakan cadar tersebut langsung menarik tangan mbok randha untuk memberitahukan !

Andre : “Mbok kuwe sing kaya nang impenku. Wanita bercadar. Mesti kiye putrine!”

Mbok randha : “La terus kepriwe?”

Andre : “Langsung bae mbok, jajal takoni gelem dadi bojoku apa ora ? Kiye mesti putrine.“

Mbok randha ; “Kowe aja kesusu disit si ngapa ? Mbok udu. Apa kowe ora menyesal?”

Andre : “Ra mungkin kleru mbok! Kiye pada bae karo sing nang impen!”

Mbok randha : “Bener?”

Andre ; “Yakin mbok lah , yakin golagokin!”

Mbok randha : “Ya wis, tapi ngko aja nyesel ya! Siki jajal tak takoni!”

Adegan VI

Setelah itu mbok randa pun membawa pating plening masik untuk ditanya kesediaannya untuk menikah dengan andre. Andre yang tidak sabar menunggu di luar mondar mandir dengan gelisah.

Andre : (sambil mondar mandir)

Mbok randha : (keluar dengan tergopoh gopoh) “ aduh ndre kowe iki bener bener pinter lo gole milih kae mau beneran putri seka raja sebrang ! “

Anre : “ Ah ibune bisa bae . Emange beneran putri bu!

Mbok randha : “Genah iya koh. Kae mau basa ibu kandah kandahan ibu weruh cincine. Terus ibu takon asal usule. Jebule deweke putri blasteran! Kepengin ngerti jeneng asline ora ?

Andre : “ Ibu ne wis ngerti sih?

Mbok randha : “ Ya ngerti lah. Kae mau jenenge Dyah ayu kusuma raflesia arnoldy. Maen mbok jenengane?”

Andre : “ Sapa mbok ? Raflesia Arnoldy“

Mbok Randha : “ Iya Dyah ayu kusuma raflesia arnoldy?

Andre : “ hah !!! Putri kembang badul ? sing seka blang wetan ?”

Mbok randha : “ Iya, sing seka kerajaan rawa bangkai kecamatan ganda mayit!”

Andre : “ sing awake pating plening?”

Mbok randha : “ iya !”

Andre : “ sing ndisit ngoyok –oyok aku ?”

Mbok randha : “ iya !”

Andre : “ sing umbele molor setengah meter ?”

Mbok randha : “ iya ! Pkoke bener banget lah. Nah siki kae loh wonge wis ngenteni”

Pating plening metu

Pating plening : “ Oh andre kowe bener bener seneng aku ya? Andre! (terus mlayu meng Andre) Andre!”

Andre : “ Mbok aku moh Aku tulungi mbok ! (karo mlayu inda ) Mbok

Mbok randha : “ lah jare kepengin putri !”

Pating plening : “ Andreeee!”(ngoyok oyok andre)

Andre : “ Mbok aku moh Aku tulungi mbok ! (karo mlayu inda ) Mbok!”

Pating plening : “ Andreeee!”(ngoyok oyok andre)

Andre : “ Moh mbok mending aku sekolah bae!”(mlayumeng jaba)

Pating plening : “ Andreeee!”(ngoyok oyok andre)

Mbok randha : “ Andre, andre !”(terus metu meng jaba panggung)

Nah begitulah kawan-kawan sekalian, akhirnya andre dan para klenthing maupun pating plening tidak jadi menikah di usia dini. Akhirnya mereka dengan ikhlas kembali ke sekolah dan menuntut ilmu dengan baik. Sejak saat itu andre dan kawan kawan berusaha untuk menuntut ilmu semampu mereka untuk mencapai cita-cita masing-masing. Mereka juga semakin sadar akan budaya mereka yang mulai hilang dan berusaha untuk melestarikannya. Sekarang giliran kita semua untuk ikut melestarikannya. MARI MEMAJUKAN PENDIDIKAN! MARI LESTARIKAN KEBUDAYAAN KITA SENDIRI!

Buat anak-anak yang mau belajar drama, naskah teks itu sebatas pembantu lho. Kalian bisa saja improvisasi dengan gaya sendiri-sendiri kok! Yang penting tahu jalan ceritanya dan jangan terlalu menyimpang khan? Ok. Met Latihan !!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Terima kasih atas komentar anda! Tinggalkan komentar anda di sini untuk masukan agar lebih baik!